POCUNG
Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawan khas
Tegese khas nyantosani
Angkara gung neng angga nagging gumulung
Gegolonganira
Tri loka lekere kongsi
Yen den umbar ambabar dadi rubeda
Beda lamun wus sengsem rehing ngasamun
Semune ngaksama
Sesamane bangsa sisip
Sarwa sareh saking mardi marta tama
Taman limut Durgamengtyas kang weh limput
Kereming karamat
Karana karoban ing sih
Sihing Suksma ngerda sahardi gengira
Yeku patut tinulat-ulat tinurut
Sapituduhira
Aja kaya jaman mangkin
Keh pra Mudha mundhi lapal makna
Durung pecus kasusu kaselak besus
Amaknani lapal
Kaya Sayid weton Mekkah
Pedhak-pendhak angendhak gunaning janma
Kang kadyeku kalebu wong ngaku-aku
Akale alangka
Elok jamane den mohi
Peksa ngangkah langkah met kawruh ing Mekkah
Nora weruh rosing rasa kang rinuruh
Lumebeting angga
Angger padha marsudi
Kana kene kahanane apa beda
Uger lugu den ta mrih pralabdeng kalbu
Yen kabul kabuka
Ing drajat kajating urip
Kaya kang wus winahyeng sekar Sri Nata
Basa ngelmu mupakate lan panemu
Pasahe lan Tapa
Yen Satriya Tanah Jawa
Kuna-kuna kang ginilut Tri prakara
Lila lamun kelangan nora gegetun
Trima yen ketaman
Saserik sameng dumadi
Tri legowo nalangsa srah ing Bathara
Bathara Gung inguger graning jejantung
Jenek Hyang Wisesa
Sanapa senetan Suci
Nora kaya kaya si Mudha mudhar angkara
Nora wus kareme anguwus-uwus
Uwose tan ono
Mung janjine muring-muring
Kaya Buta buteng betah nganiaya
Sakeh luput ing angga tansah linimput
Linimpeting sabda
Narka tan ana udani
Lumuh ala hardane ginawe gada
Durung punjul ing kawruh kaselak jujul
Kaseselan hawa
Cupet kapepetan pamrih
Tangeh nedya anggambuh mring Hyang Wisesa
Tidak ada komentar:
Posting Komentar